Kamis, 30 Agustus 2012

TEKS PRANATA ACARA SYAWALAN

Assalamualaikum Wr.Wb

Alkhamdulilah hirobbil'alamin wassalatu......

Acara syawalan alumni SMP
Wonten pangarsanipun Bapak, Ibu, lan sedaya kaluwarga trah "Paris"ingkang tansah kawula hormati.
Kaping sepisan mangga kula dereaken samiyo muji syukur wonten ngarsani ngayunan dalem Gusti Allah SWT, kanthi waosan tahmid Alhamdulilahhirobbil'alamin, awit limpahan rohmat, taufiq, sedaya hidayahipun Allah ing wekdal ndalu menika kula lan panjenengan tasih saget makempal wonten ing dalemipun Bapak Susila Harjono kanthi mboten wonten satunggal alangan punapa. Amin

Shalawat sarta salam mugia tansah kaunjukaken wonten ngayunan dalem Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kita sedaya pikantuk safa'atipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Amin

Hadirin-hadirot ingkang tansah kita kamulyaaken.

Mangga adicara syawalan trah "Paris" kita wiwiti, ananging sak derengipiun, keparenga kula aminangkanati pranata adicara maosaken menggah runtutipun adicara ingkang badhe kalampah.
Aminangkani adicara ingkang kapisan inggih punika pambuka.
Adicara ingkang kaping kalih waosan kalam ilahi lan saritilawah.
Adicara ingkang kaping tiga sambutan-sambutan.
Acara kaping sekawan waosan ikrar syawalan.
Adicra kaping gangsal inggih menika hikmah syawalan.
Adicara sak lajengipun inggih punika liyan-liyan, lan pungkasan inggih menika panutup.

Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten menggah reronceneing acara syawalan ingkang sampun karakit dening panitia, salajengipun sumangga acara enggal kawiwitan. Lumebet ing acara ingkang sepisan inggih menika pambuka. Sumangga dipunbikak kanthi maos Basmalah sesarengan, kula dhereaken....

Acara salajengipun badhe kawaosaken kalam ilahi lan saritilawah, pramila dhumateng kadang Budi Utomo
lan Kartini, wekdal kaaturaken, sumangga.

Mugi-mugi kanthi waosan kalam ilahi kala wau Gusti Allah tansah paring lubering kanugeraha  dhumateng kula saha panjenengan sedaya.

Para rawuh, hadirin saha hadirat ingkang kaparingan rahmat dening Allah.
Menggah acara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia. Dumateng Bapak Ibnu kasuwun paring pangandikan.

Kita lajengaken adicara kaping sekawan inggih menika ikrar syawalan. Dhumateng Bapak Wahyudi, wekdal kaaturaken sumangga.

Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika hikmah syawalan saking Bapak H. Nurrohman. Dhumateng Bapak Nurrohman kasuwun paring pangandikan.

Adicara sak lajengipun inggih menika panutup.
Mugi-mugi menapa ingkang sampun kaandharaken dening kita sedaya, syawalan kita migunani tumrap kula lan kita sedaya. Bapak Ibu para pepunden pinisepuh, bok bilih anngen kula matur kathah lepat saha kekiranganipun pramila saestu kula nyuwun agunging pangapunten. Sumangga acara ing ndalu menika dipuntutup kanthi waosan hamdalah sesarengan. Alhamdulilahhirobil'alamin.


Wassalamualaikum Wr.Wb

0 comments :

Posting Komentar